Home » Archives for 07/27/12

Friday, July 27, 2012

Kumpulan Puisi Mustofa Bisri

Sujud


Bagaimana kau hendak bersujud pasrah
sedang wajahmu yang bersih sumringah
keningmu yang mulia
dan indah begitu pongah
minta sajadah
agar tak menyentuh tanah.

Apakah kau melihatnya
seperti iblis saat menolak menyembah bapakmu
dengan congkak,
tanah hanya patut diinjak,
tempat kencing dan berak
membuang ludah dan dahak
atau paling jauh hanya jadi lahan
pemanjaan nafsu
serakah dan tamak.

Kumpulan Syair Bisri Mustofa¹ Dalam Bahasa Jawa




(Shalaatullaahi maa laahat kawaakib
‘alaa Ahmad khoiri mar-rakiban-najaa-ib).

Iki syiir kanggo bocah lanang wadon
Nebihaken tingkah laku ingkang awon

Serta nerangake budi kang prayoga


Kanggo dalan padha mlebu ing suwarga

Bocah iku wiwit umur pitung tahun
Kudu ajar thatha keben ora getun

Kudu tresna maring ibune kang ngrumati
Kawit cilik marang bapa kang gemati

Ibu bapa rewangana lamon repot
Aja kaya wong gemagus ingkang wangkot

Lamon ibu bapa prentah enggal tandang
Aja bantah aja sengol aja mampang

Andap asor ing wong tua najan liya
Tetepana aja kaya raja kaya

Gunem alus alon lirih ingkang terang
Aja kasar aja misuh kaya bujang

Yen wong tua lenggah ngisor sira aja
Pisan lungguh duwur kaya jama juja

Yen wong tua sare aja geger guyon
Lamon sira nuju maca kudu alon

Lamon sira liwat ana ing ngarepe
Kudu nyuwun amit serta depe depe

Lamon ibu bapa duka becik meneng
Aja melu padon uga aja nggreneng
  • Bab Ambagi Wektu
Dadi bocah kudu ajar bagi Zaman
Aja pijer dolan nganti lali mangan

Yen wayahe Shalat aja tunggu prentah
Enggal tandang cekat ceket aja wegah

Wayah ngaji wayah sekolah sinau
Kabeh mau gathekake kelawan tuhu

Kenthong subuh enggal tangi nuli adus
Wudhu nuli shalat khusyuk ingkang bagus

Rampung shalat tandang gawe apa bae
Kang prayoga kaya nyaponi umahe

Lamonn ora iya maca-maca Qur’an
Najan namung sitik dadiya wiridan

Budal ngaji awan bengi sekabehe
Thatha krama lan adabe padha bae
  • Bab Ing pamulangan
Lamon arep budal menyang pamulangan
Thatha-thatha ingkang rajin kang resikan

Nuli pamit ibu bapa kanthi salam
Jawab ibu bapa 'alaikum salam

Disangoni akeh sithik kudu trima
Supaya ing tembe dadi wong utama

Ana pamulangan kudu tansah gathi
Nampa pawulangan ilmu kang wigati

Ana kelas aja ngantuk aja guyon
Wayah ngaso kena aja nemen guyon

Karo kanca aja bengis aja judes
Mundak diwadani kanca ora waras
  • Mulih saking Pamulangan
Bubar saking pamulangan enggal mulih
Aja mumpar-mampir dolan selak ngelih

Tekan omah nuli salin sandangane
Kudu pernah rajin rapi aturane
  • Ono ing ngomah
Karo dulur kanca ingkang rukun bagus
Aja kaya kucing belang rebut tikus

Dadi tua kudu weruha ing sepuhe
Dadi enom kudu rumangsa bocahe

Lamon bapa alim pangkat sugih jaya
Sira aja kumalungkung maing wong liya

Pangkat gampang minggat sugih kena mulih
Alim iku gampang uwah molah-malih

Arikala sira madhep ring wong liya
Kudu ajer aja mrengut kaya baya
  • Karo Guru
Marang guru kudu tuhu lan ngebakti
Sekabehe printah bagus dituruti

Piwulange ngertenana kanthi ngudi
Nasihate tetepana ingkang merdi

Larangane tebihana kanthi yekti
Supaya ing tembe sira dadi mukti
  • Ana Tamu
Tatkalane ibu rama nampa tamu
Aja biyayakan tingkah polahamu.

Aja nyuwun duwit wedhang lan panganan
Rewel beka kaya ora tau mangan

Lamon  butuh kudu sabar dhisik
Nganti tamu mundur dadi sira becik

Arikala padha bubaran tamune
Aja nuli rerebutan turahane

Kaya keting rerebutan najis tiba
Gawe malu lamon dideleng wong jaba

Kejaba yen bapa dhawuh he anakku
Iku turahe wong ngalim kiyai-ku

Bagi rata sakdulurmu keben kabeh
Ketularan Alim, sugih bangha akeh

Niat ira nuprih berkahe wong mulya
Ora niat rebut turahe wong liya
  • Sikap lan lagak
Anak Islam iki mangsa kudu awas.
Aja nganthi lena mengko mundak tiwas

Luru ilmu iku perlu nanging budi
Adab Islam kudu tansah dipersudi

Akeh bocah pinter nanging ora bagus
Budhi pekertine sebab da gembagus

Ring wong tua gak ngergani gak ngajeni
Sajak pinter dewe langka kang madhani

Jare iku caranepun sak punika
Ora ngana dudu antelik merdeka

Ngagem blangkon serban sarung dadi gujeng
Jare ora kebangsaan ingkang majeng

Sawang iku pengeran Dipanegara
Imam bonjol Tengku Umar kang kuncara

Kabeh padha bela bangsa lan negara
Padha ngagem destar pantes yen perwira

Gujeng serban sasat gujeng Imam bonjol
Sak kancane he anakku aja tolol

Timbang gundhul apa ora luwih  apik bagus
Ngagem tutup sirah kaya raden bagus

Kala-kala pamer rambut sak karepmu
Nanging kudu eling papan sesrawunganmu

kumpul mudha beda karo pul Kyai-ne
Nuju shalat gak padha mlancong nujune

Ora nuli mlancong gundhul shalat gundhul
Sowan mara tuwa gundhul nguyuh gundhul
  • Cita-cita luhur.
Anak Islam kudu cita-cita luhur
Keben dunya akhirate bisa makmur

Cukup ilmu umume lan agamane
Cukup dunya kanthi bekti pangerane

Bisa mimpin sakdulure lan bangsane
Tumuju ring raharja lan kamulyane

Iku kabeh ora gampang leksanane
Lamon ora kawit cilik tak-citane

Cita-cita kudu dikanthi gumergut
Ngudhi ilmu sarta pakerti kang patut

Kita iki bakal tininggal wong tuwa
Ora kena ora kita mesthi nuwa

Lamon kita padha katekan sejane
Ora liwat sira kabeh pemimpine

Negaramu butuh menteri butuh mufti
Butuh kadi, patih, setten lan bupati

Butuh dokter, butuh Mister ingkang pinter
ilmu agama kang nuntun laku bener

Butuh guru lan Kyai kang linangkung
Melu ngatur negarane ora ketung

Iku kabeh sapa maneh kang ngayai
Lamon ora anak kita kang nyaguhi

Kejaba yen sira kabeh ridho mbuntut
Selawase angon wedhus nyekel pecut

Sira ridho nggocik cikar selamine
Kafir ira mentul-mentul lungguhane.

Ora  sela angon wedhus numpak cikar
Asal cita-cita ilmu bisa nenggar

Nabi kita kala timur pangon mendha
Ing tembene pangon jalma kang sembada

Abu bakar sidik iku bakul masar
Nanging nata masyarakat ora sasar

Ali Abu Thalib bakul kayu bakar
Nanging tangkas yen dadi paglima besar

Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah
Dadi mentri karo liyan ora kalah

Kabeh mau gumantung ing seja luhur
Kanthi ngudi ilmu sarta laku jujur

Tekan kene pungkasane Syi’ir iki
Larikane wolu limo kurang siji

Muga-muga sejja kita sinembadan
Dening Allah ingkang nurunake udan

Pinaringan taufiq sarta hidayah
Dunya akhirate sehat wal 'afiyah.

Amin- amin - amin - amin - amin - amin
Falhamdulillahirabbil-'alamin 
___________
¹Bisri Musthofa, Syi'ir Ngudhi Susila, Rembang 1373 H.

POPULAR POST